MATERI BAB PANATACARA

 1.    Pangertene panatacara

Panatacara kerep uga diarani dening bebrayan agung minangka: pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara: upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang sarean (kuburan).

 

2.    Perangan teks panatacara

Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe  ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:

a.      Salam pambuka.

Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.

b.      Sapa aruh/menyapa tamu.

Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.

c.      Atur pepujan/puji syukur.

Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad

 

d.      Ancasing gati/isi/inti acara.

Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.

e.      Panutup.

Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak

f.       Salam panutup.

 

3.    Unsur-unsur panatacara

Sarat Panatacara

Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama (uga bisa sinebut TUMA/PITU MA) Pangolahing Raga, yaiku:

1.      Magatra

Tegese bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe

2.      Malaksana

Tegese mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini

3.      Mawastha

Tegese ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong

4.      Maraga

Tegese ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.

5.      Malaghawa

Tegese trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu

6.      Matanggap

tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa

7.      Mawwat

Tegese anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman

 

4.    Teknik maca panatacara

Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

1)      Nggunakake pangucap kang trep

2)      Pamedhote ukara kang trep

3)      Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

4)      Ngreteni tandha wacan kanthi trep

5)      Swara kang cetha

6)      Ngatur alon lan cepete pamaca

7)      Ngolah treping mlebu wetuning napas

8)      Mahami wacan

9)      Percaya marang dhiri pribadi

 

5.    Jinisi Pranatacara:

a.      Pranatacara kanthi cara apalan

Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng  dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.

b.      Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks

Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Pranatacara kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates.

c.      Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu

Pranatacara cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara Pranatacara dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.

d.      Pranatacara kanthi cara ekstemporan

Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting Pranatacara dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan.

6.    Syarat nalikane badhe nindakake Panatacara

1)      Patrap utawi sikep

Patrap utawi sikep rikala Pranatacara kedah nedahaken tata krami utawi trapsila, inggih menika solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun, boten dipundamel-damel. Mimik utawi ewahing pasuryan katingal sumringah anengsemaken amargi swasananipun swasana remen. Ebahing perangan badan ugi kaginakaken kangge nambahi gesanging pangandikan, upaminipun: njlentrehaken kanthi raos semangat makantar-kantar tamtu kemawon astanipun juru pamedhar sabda ngetingalaken raos semangat upaminipun kanthi ngepel asta. Ing upacara pangrukti layon sasaged-saged ngetingalaken raos sedhih utawi ndherek ngraosaken duhkita.

2)      Busana lan ngadi sarira

Nalika nindakaken ayahan Pranatacara, busananipun lan ngadi sariranipun pamedhar sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan. Menika jumbuh kaliyan paribasan “ajining sarira saking busana”. Liripun, ing salebeting pasamuan sampun ngantos karana busana ingkang boten trep (‘norak’) ndadosaken asor prabawanipun; uger saweg dados punjering kawigatosan tumraping para rawuh.

3)      Basa lan sastra

Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan, utawi lung- tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila, basanipun boten basa dakik-dakik, ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi ing akathah.

Salajengipun, basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun kedah migatosaken:

a)      sinten ingkang gineman

b)      sinten ingkang dipun-ajak gineman

c)      sinten ingkang dipun-ginemaken

d)      swasana nalikanipun gineman

e)      sami mangertosi ingkang dipun-ginem.

Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken Pranatacara mligi ngginakaken basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal, lan kabetahanipun.

7.    Sipat-Sipating Pranatacara miturut Ancas utawi Tujuan:

1.      Pranatacara pambagyaharja (mantenan)

2.      Pranatacara mamitaken jenazah (kepaten)

3.      Pranatacara ngarahaken sawijining bab ing pakempalan (pangajak/menehi informasi)

4.      Pranatacara ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)

5.      Pranatacara pamedhar sabda (pidhato)

6.      Pranatacara palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)

 

8.    Sipat-Sipating Pranatacara miturut Isi lan Basa:

a)      Pranatacara ringkes lan prasaja (apa anane manut kahanan)

b)     Pranatacara rowa lan rinengga (basa endah, biasane dicampur basa kawi/jawa kuno kaya ing pewayangan)

c)      Pranatacara popular (basa umume sing diagem)

d)      Pranatacara ilmiah (nganggo basa ilmiah/resmi)

e)      Pranatacara mligi utawi umum (sipate khusus/umum)

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Babagan Tembang Pocung

MATERI BAB SESORAH / PIDHATO

UNSUR INTRINSIK-EKSTRINSIK NOVEL JAWA