UNSUR INTRINSIK-EKSTRINSIK NOVEL JAWA

 

A.     Pangerten Novel

Ing ngisor diandharake babagan pangerten Novel miturut bedane pendapat/sumber:

1.    Novel yaiku wujud sastra paling populer ing donya. Wujud karya sastra iki paling akeh dicetak lan paling akeh sumebar, lantaran daya komunitase kang amba ing sajrone masarakat. (Jakob Sumardjo)

2.    Novel yaiku wujud karya sastra kang dumadi saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik kang kaloro unsur kasebut gegandhengan jalaran duweni daya pangaribawa gedhe kanggo nglairake karya sastra. (Rostamaji lan Agus Priantoro)

3.    Novel yaiku karya sastra kang awujud prosa kang duweni unsur-unsur intrinsik. (Paulus Tukam)

4.    Novel yaiku rerangken kang awujud gancaran (prosa) kang dawa ngandhut rerangken crita bab panguripan sawijining wong lan wong ing sakupenge kanthi nonjolake watek lan sipate saben paraga. (Kamus Besar Bahasa Indonesia)

B.     Unsur Intrinsik

1.    Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari crita novel.

2.    Setting yaiku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.

3.    Punjering Crita, kaperang dadi 3.
3.1. Sesulih wong Kapisan

Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong kapisan (Kata ganti orang pertama).
Nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.
3.2. Sesulih wong Katelu
Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, pengarang luwih akeh ngamati saka sanjabane crita.
Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (Kata ganti orang ketiga)
3.3. Sudut Pandang impersonal
Pengarang sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti.
Pengarang bisa nyawang tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine.

4.    Alur/Plot
Rerangkening  prastawa/kedadeyan ing Novel.
ana 3 werna bagiane, yaiku:

a)      Alur Maju (Progresif)

b)     Alur Mundur (Regresif)

c)      Alur Campuran

5.    Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga.
Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane.

6.    Gaya Bahasa
Yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.

7.    Amanat
Pesen / Piweling kang arep diwenehake pengarang marang pamaos Novel

C.     Unsur Ekstrinsik

Unsur iku ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang.

D.    Jenise Novel:

1.    Novel Serius, Novel serius yaiku novel kang surasane bisa manungsakake manungsa pamaca. Tegese, wong kang maca bisa dadi pribadhi kang luwih becik Novel serius nduweni piguna sosial (bisa nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya dadi manungsa kang luwih prasaja)

2.    Novel Hiburan, Novel hiburan yaiku novel kang ngatonake unsur hiburane saengga pamaca rinasa enak kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel kasebut Novel hiburan nduweni piguna personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling wigati kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin ngrampungake anggone maca.

 

E.     Cirini Novel:

Novel beda karo cerkak, novel luwih dawa isine. Trap-trapan titene/cirine yaiku:

1.    Cacahe tembung luwih saka 10.000 tembung (ana sing nduweni pendapat luwih saka 35.00 tembung) lan luwih saka 100 kaca (halaman)

2.    Alure bisa mbolak mbalik merga saking dawane cerita

3.    Isie nggambarake kauripan manungsa sabendinane

4.    Yen di gawe ing buku dadine ya kandel, lan ing jerone ana sub judul saka kedadean-kedadean

5.    Yen diwaca ora rampung sepisan merga dawa isine

 

Tuladha Novel;

1)    Begjane Rustam

        Novel iki ditulis dening Pak Met. Novel iki nyeritakake Rustam 17 taun saka desa cilik ing Gunung Sindoro. Rustam iku bocah becik. Dheweke ngembara menyang Jogya. dheweke percaya yen sukses bisa digayuh dening kerja keras.

2)    Jemini

        Novel iki nyeritakake Jemini, minangka anake sedadu kumpeni. Dinikahake, nanging ora gelem. Bakal dipalakrama, nanging disia sia. Ditembung dadi munci, nanging ora oleh amarga bedane derajat.

3)    Panjang Ilang

        Novel iki ditulis dening Naratala. Novel iki nyeritakake Taruni, penari tradisional lan buruh teknologi. Novel iki ditulis ngganggo bahasa kang sulit dimangerteni

4)    Prau Gethek

        Novel iki ditulis dening Ir. H. Soekirman. Novel iki nyeritakake dheweke Soekirman, nganti dadi kaya saiki. Novel iki nyeritakake perjuangan Soekirman dadi kaya saiki

5)    Rangsang Tuban

        Novel iki nyeritakake pangeran saduluran yaiku pangeran Tuban lan pangeran Warihkusuma sing tukaran amarga wadon ayu, Endang wresti

 


Komentar

  1. Poin analisis:
    1. Unsur intrinsik
    a. Tema: apa kang dadi pirembugan utama ing cerita (diwenehi gambaran urutane kisahe min 2 ukara)
    b. Alur / Plot: lakune cerita wiwit awal tumeka akir urutane kepriye (maju/mundur/campuran), dasare alesan kepriye saka urutane peristiwa
    c. Latar/Setting :papan kedadeyane wiwit saka wektu, suasana kedadeyane iku kepriye (diwenehi bukti saka ukara ing cerita, tuladha *nalika mangkat sekolah (wektu esuk) ing bangjo terminal (papan kedadeyan ) ana sing tiba seka montor* ....>menawa nemtokake suasane cobi bayangke kira2 swasanane kepriye nalika iku
    d. Sudut Pandang / Punjering Cerita: wong katelu apa wong kapisan, banjur diwenehi dasar mangsuli saka cerita, tulada mangsuli : sudut pandang wong kapisan, alesan: merga sing nyritakake melu langsung ing sajroning cerita iku, dasar (kutipan saka cerita): nalika isih cilik aku seneng digendong mbah putri
    e. Penokohan: nyebutake tokoh2 sing ana sajroning crita, banjur di sebutake watak2e, lha..watake bisa disebuutake 2 bagian yaiku a. Watak fisik (saka praupan, wujude kepriye, sing mesti bisa disawang bisa di gambarake, tuladhane umurane, jinis kelamine, mungkin ana ciri liyane saka awake tokoh, lsp., b. Watak non fisik: kalebu watake/sipate tokoh. Kalorone mau nalika njawab kudu diwenehi bukti kutipan saka ceritane ugi.
    f. Amanat: pahami isi ceritane, permasalahane apa wae, waca nganti rampung, banjur simpulna pesene apa wae. Minimal 3.
    Menika analisis unsur intrinsik rumiyin. Samangke kalajengaken unsur ekstrinsik

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Babagan Tembang Pocung

MATERI BAB SESORAH / PIDHATO