UNSUR INTRINSIK-EKSTRINSIK NOVEL JAWA
A.
Pangerten
Novel
Ing ngisor diandharake babagan pangerten Novel
miturut bedane pendapat/sumber:
1.
Novel yaiku wujud
sastra paling populer ing donya. Wujud karya sastra iki paling akeh dicetak lan
paling akeh sumebar, lantaran daya komunitase kang amba ing sajrone masarakat.
(Jakob Sumardjo)
2.
Novel yaiku wujud
karya sastra kang dumadi saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik
kang kaloro unsur kasebut gegandhengan jalaran duweni daya pangaribawa gedhe
kanggo nglairake karya sastra. (Rostamaji lan Agus Priantoro)
3.
Novel yaiku karya
sastra kang awujud prosa kang duweni unsur-unsur intrinsik. (Paulus Tukam)
4.
Novel yaiku rerangken
kang awujud gancaran (prosa) kang dawa ngandhut rerangken crita bab panguripan
sawijining wong lan wong ing sakupenge kanthi nonjolake watek lan sipate saben
paraga. (Kamus Besar Bahasa Indonesia)
B. Unsur Intrinsik
1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama
kang ndhasari crita novel.
2. Setting yaiku minangka latar belakang kang mbantu
cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.
3.
Punjering Crita, kaperang dadi 3.
3.1.
Sesulih wong Kapisan
Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan
tembung sesulih wong kapisan (Kata ganti orang pertama).
Nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa
pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.
3.2.
Sesulih wong Katelu
Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh
bawahan, pengarang luwih akeh ngamati saka sanjabane crita.
Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih
wong katelu (Kata ganti orang ketiga)
3.3.
Sudut Pandang impersonal
Pengarang sanyatane dumunung ing sanjabane
crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti.
Pengarang bisa nyawang tokoh nganti tekan
sajroning pikiran lan atine.
4.
Alur/Plot
Rerangkening prastawa/kedadeyan ing Novel.
ana 3 werna bagiane,
yaiku:
a)
Alur Maju (Progresif)
b)
Alur Mundur (Regresif)
c)
Alur Campuran
5.
Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo
paraga.
Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake,
ciri fisike, lingkungane.
6.
Gaya Bahasa
Yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.
7.
Amanat
Pesen / Piweling kang arep diwenehake pengarang
marang pamaos Novel
C.
Unsur Ekstrinsik
Unsur iku ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi
pengarang.
D.
Jenise Novel:
1. Novel Serius, Novel
serius yaiku novel kang surasane bisa manungsakake manungsa pamaca. Tegese,
wong kang maca bisa dadi pribadhi kang luwih becik Novel serius nduweni piguna
sosial (bisa nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya dadi manungsa kang
luwih prasaja)
2. Novel Hiburan, Novel
hiburan yaiku novel kang ngatonake unsur hiburane saengga pamaca rinasa enak
kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel kasebut Novel hiburan
nduweni piguna personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling
wigati kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin
ngrampungake anggone maca.
E.
Cirini Novel:
Novel
beda karo cerkak, novel luwih dawa isine. Trap-trapan titene/cirine yaiku:
1.
Cacahe
tembung luwih saka 10.000 tembung (ana sing nduweni pendapat luwih saka 35.00
tembung) lan luwih saka 100 kaca (halaman)
2. Alure bisa mbolak mbalik merga saking
dawane cerita
3. Isie nggambarake kauripan manungsa
sabendinane
4. Yen di gawe ing buku dadine ya kandel,
lan ing jerone ana sub judul saka kedadean-kedadean
5. Yen diwaca ora rampung sepisan merga
dawa isine
Tuladha Novel;
1)
Begjane Rustam
Novel iki ditulis dening Pak Met. Novel iki
nyeritakake Rustam 17 taun saka desa cilik ing Gunung Sindoro. Rustam iku bocah
becik. Dheweke ngembara menyang Jogya. dheweke percaya yen sukses bisa digayuh
dening kerja keras.
2)
Jemini
Novel iki nyeritakake Jemini, minangka anake sedadu kumpeni.
Dinikahake, nanging ora gelem. Bakal dipalakrama, nanging disia sia. Ditembung
dadi munci, nanging ora oleh amarga bedane derajat.
3)
Panjang Ilang
Novel iki ditulis dening Naratala. Novel iki
nyeritakake Taruni, penari tradisional lan buruh teknologi. Novel iki ditulis
ngganggo bahasa kang sulit dimangerteni
4)
Prau Gethek
Novel iki ditulis dening Ir. H. Soekirman. Novel
iki nyeritakake dheweke Soekirman, nganti dadi kaya saiki. Novel iki
nyeritakake perjuangan Soekirman dadi kaya saiki
5)
Rangsang Tuban
Novel iki nyeritakake pangeran saduluran yaiku pangeran Tuban lan
pangeran Warihkusuma sing tukaran amarga wadon ayu, Endang wresti
Poin analisis:
BalasHapus1. Unsur intrinsik
a. Tema: apa kang dadi pirembugan utama ing cerita (diwenehi gambaran urutane kisahe min 2 ukara)
b. Alur / Plot: lakune cerita wiwit awal tumeka akir urutane kepriye (maju/mundur/campuran), dasare alesan kepriye saka urutane peristiwa
c. Latar/Setting :papan kedadeyane wiwit saka wektu, suasana kedadeyane iku kepriye (diwenehi bukti saka ukara ing cerita, tuladha *nalika mangkat sekolah (wektu esuk) ing bangjo terminal (papan kedadeyan ) ana sing tiba seka montor* ....>menawa nemtokake suasane cobi bayangke kira2 swasanane kepriye nalika iku
d. Sudut Pandang / Punjering Cerita: wong katelu apa wong kapisan, banjur diwenehi dasar mangsuli saka cerita, tulada mangsuli : sudut pandang wong kapisan, alesan: merga sing nyritakake melu langsung ing sajroning cerita iku, dasar (kutipan saka cerita): nalika isih cilik aku seneng digendong mbah putri
e. Penokohan: nyebutake tokoh2 sing ana sajroning crita, banjur di sebutake watak2e, lha..watake bisa disebuutake 2 bagian yaiku a. Watak fisik (saka praupan, wujude kepriye, sing mesti bisa disawang bisa di gambarake, tuladhane umurane, jinis kelamine, mungkin ana ciri liyane saka awake tokoh, lsp., b. Watak non fisik: kalebu watake/sipate tokoh. Kalorone mau nalika njawab kudu diwenehi bukti kutipan saka ceritane ugi.
f. Amanat: pahami isi ceritane, permasalahane apa wae, waca nganti rampung, banjur simpulna pesene apa wae. Minimal 3.
Menika analisis unsur intrinsik rumiyin. Samangke kalajengaken unsur ekstrinsik