Materi Tembang Macapat Dhandhanggula Serat Tripama
A. Pangertene Dhandhanggula
Dhandhanggula yaiku salah sijine metrum kang nduweni watak luwes. Dhandhanggula ugo Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine ‘pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki.
Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula.
B. Paugeran Tembang lan Ciri-cirine Tembang Dhandhanggula
Paugeran tembang macapat yaiku:
1. guru gatra(cacahing larik utawa gatrasaben sapada)
2. guru wilangan(cacahing wanda utawa kecap saben gatra)
3. guru lagu(tibane swara utawa vokal ing pungkasaning gatra)
Ciri-cirine tembang Dhandhanggula :
1. guru gatra : 10 gatra
2. guruwilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
3. guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
Wonten ing Ngandhap kaandharaken pethilan serat Tripama anggitane KGPAA Mangkunagara IV pupuh Dhandhanggula pada 1-3:
Dhandhanggula.
Pada 1:
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
Tegese:
Yogyane (becike) para prajurit,
kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna,
andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati,
sing asmane Patih Suwanda,
Lelabuhane (jasa)
3 prakara kang digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji
yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.
Pada 2:
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
Tegese:
Tegese lelabuhan telung prakara yaiku
guna, bisa mrantasi gawe
supaya dadi unggul,
2. kaya sejatine,
nalika paprangan negara Manggada,
bisa mboyong putri dhomas,
diaturake marang ratu,
3. purun, kekendale wis nyata
nalika perang tandhing karo Dasamuka,ratu negara Ngalengka,
patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.
Pada 3:
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
Tegese:
Ana maneh conto sing prayoga (becik)
yaiku satriya agung ing negara Ngalengka
sing asmane Kumbakarna
Sanadyan wujude buta
parandene kepengin nggayuh kautaman
Nalika wiwit perang Ngalengka
dheweke nduwe atur
marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja)
Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna,
jalaran mung mungsuh bala kethek.
Hi
BalasHapus