Materi Bab Geguritan (puisi Jawa)
Materi Pembelajaran
Bab Geguritan (Puisi
Jawa)
1. Geguritan Tradisional
a. Puisi
Tembang:
- puisi
tembang cilik (macapat)
- puisi
tembang tengahan
- puisi
tembang gedhe
b. Parikan
c. Guritan
d. Syingir
e. Lelagon
bocah
2. Puisi jawa Modern
Geguritan
(puisi Jawa gagrak anyar / puisi bebas)
Tuladha:
Di ngapura, Bapa
Dening
Gunadi Aryo
Dingapura Bapa
Esuk iki manuke bapa da-culake
Mabur saparan-paran
Dhek wingi katon nglentruk tanpa daya
Arep matur Bapa wis ngantor
Ngendikane Ibu Bapa lembur
Aku wis turu nalika Bapa kondur
Bapa
Wingi ana kutilang lan trocokan
Ngoceh ing cedhak kurungan
Dheweke crita
Bab endahe nuswantara
Kang bakal tidhem amem tanpa ocehing kukila
Kummel kucem merga surya cidra
Bab garudha kang sengkleh swiwine
Pucet tanpa ludira
Merga manungsa kang srakah lan
Seneng ngumbar nistha
Atiku trenyuh
Weruh manuke bapa lemes
Nelangsa lan tanpa daya
Jroning kunjara
Dingapura Bapa
Esuk iki manuke bapa dak-culake
Mabur saparan-paran
Ing pangentha
Byar padhang gagat rahina
Manuke bapa bali ngoceh
Ngancani aku mapag srengenge
Ngipatake tindak nistha kang remeh
Eklasna
Eklasna aku
lunga biyung
sanadyan ing
ndhuwur langite katon mendhung
eklasna aku
lunga bapa
lungaku sangu
ati lapis waja
ora perlu
panjenengan galih
ing paran aku
ora bakal mati amarga ngelih
mumpung isih
esuk
kanthi
pangestu kang matumpuk-tumpuk
gunung lawu
lan semeru mung katon sapunthuk
kabeh bakal
taklangkahi
sanadyan kudu
nasak bebondhotan eri
aku lunga
perlu makarya
ora mung
angon kebo ing ara-ara
sanadyan aku
ngerti
golek gawean
angel yen tanpa koneksi
lan kudu
nganggo gambar Jendral Sudirman sakethi
sugeng enjing
bapa biyungku
sugeng enjing
desaku
kang tansah
kinemulan langit biru
eklasna liya
dina isih bisa ketemu
3. Materi Konsep:
Struktur
dan kaedah geguritan
-Geguritan
saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung
‘gerita’.
Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges
tembang utawa
syair.
-Ana uga kang
nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang nduweni teges
tulisan.
-Miturut
kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene
tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.
-Miturut
Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair.
Mula saperangan pawongan ana kang ngarani
utawa nyebut syair Jawa gagrag
anyar.
Saka maneka
teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane), geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa
anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu (guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu).
Titikane
geguritan yaiku:
a.
Ora kawengku ing pathokan
b.
Dudu basa padinan
c.
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
d.
Cacahe larikan ora katemtokake
e.
Isine mentes
f.
Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket
Unsur
pembangun geguritan
Geguritan
Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang,
pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Geguritankawujud saka tema kang
diandharake dadi wujud geguritan. Sajroning geguritan ngemot nilai-nilai utawa amanat
kang katujokake marang pamaos. Tembung kang dienggo ing geguritan migunakaken
tembung kang pinilih, kanthi sarana dasanama, purwakanthi, tembung garba,
tembung saroja lan uga lelawaning basa. Tembung-tembunge geguritan iku endah lan
enak kawaca.
4.
Materi Prinsip:
Karakteristik
geguritan
Geguritan
iku:
- Cekak yaiku
ora awujud ukara kang nglandrah
- Mentes
yaiku tembunge duwe makna kang jero
- Endah ngemu
purwakanthi swara, sastra utawa lumaksita
-
Tetembungane pinilih.
5.
Materi Prosedur:
a.
Langkah-langkah memparafraseke geguritan
b.
Gancaran kuwi ing basa Indonesia diarani prosa.
Nggancarake ateges ngowahi tembang utawi geguritan dadi gancaran (prosa). Dadi
nggancarake padha karo "memprosakan" utawa tembunge liya
"memparafrase". Sadurunge gawe gancaran kudu mangerteni
cara-carane ngancarake.
Carane
ngagancarake mangkene:
1.
Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara kudu diudhari,
dhapukane ukara kawolak-walik.
2. Menawa ana
tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi tembung Jawa anyar kang
lumrah dianggo utawa dirungokake sabendinane.
3. Menawa ana
tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.
4. Kanggo
nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi tembung sawetara.
Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.
5. Pada/bait
kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraf kanthi ejaan kang bener.
Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah, lan sapanunggalane.
Langkah-langkah menulis teks geguritan
Carane
nulis geguritan yaiku:
1.
Nemtokake tema,
2.
Milih tetembungan kang mentes
3.
Endah lan cekak,
4. Menehi
irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan
Langkah-langkah membaca indah geguritan
Maca
Geguritan
Geguritan
bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling,
sarta pitutur marang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang
olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara
diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase geguritan tegese proses owah-owahan
saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragraf, kanthi ancas
supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha lan gamblang.
Geguritan iku bisa dirasakake kanthi maca
utawa ngrungokake, satemah bisa:
1. Nemokake
pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan,
2.
Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan,
3. Gawe
gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake.
Kang perlu digatekake jroning nyulih
wedharaning geguritan yaiku:
1. Maca
tulisan (naskah) kanthi setiti
2. Ngira-ira
tetembungan kang diilangi, nuli mbalekake
3.
Njingglengi ten ana pasemin utawa pralambang sing dienggo
4. Njarwani
(menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange
5. Ngupakara
(merangkaikan) ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaran
Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu
digatekake nalika maca geguritan, ing
ngisor iki perangan-perangan sing kudu
disemak lan diugemi,yaiku:
1. Wirama (irama/lagu)
Irama kudu
digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan
sapanunggalane.
Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora, beda
nalika maca
geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.
2. Wirasa (rasaning swasana ati)
Surasane
utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca
ngetrepake
utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng,wibawa, getun,
nesu lan
sapanunggalane.
3. Wiraga (obahing awak)
Obahing awak
yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo
mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging
aja banget-banget.
4. Wicara (pocapan)
Pocapan sing
cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung.
Jenise
geguritan :
1. ode
yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong
liyo, negara, lan apa dene kang dianggep luhur.
2. Hymne
yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti.
3. Elegi
yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso.
4. Epigram
yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral,
nilai hidup kang becil lan bener.
5. Satire
yaik geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan
landhep.
6. Romansa
yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan.
7. Balada
yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang
nyoto utawa mung lamunane pujangga.
1) Struktur Fisik
a) Pamilihe tembung (diksi). Pamilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pamilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
b) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang
digunakake penyair kanggo nyaritakake sawijing bab kanthi cara mbandhingake
karo barang utawa tembung liyane.
c) Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara. Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
d) Tipografi
yaiku larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait.
Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.
2) Struktur Batin.
Struktur
batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku :
a) Bakuning
gagasan/ tema (sense); tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi
dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema:
sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
b)
Pangrasane penyair/; yaiku Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan
nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa.
Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa
kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan
sapiturute.
c) Nada
utawa sikap penyair marang “pembaca”; Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana
sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa
patrap liyane.
d)
Amanat/ pesen; tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang
pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana
pangrakiting tembung-tembung.
e)
Suasana; tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi,
geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
Komentar
Posting Komentar