MATERI BAB SESORAH / PIDHATO

 1.    Pengertian sesorah

Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.

 

2.    Ancasing sesorah/tujuan sesorah

a)  Atur Pambagya = yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran, supitan, tanggap warsa (ulang tahun), pengantenan.

b)  Atur kabar/paring informasi = yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi, umpamane acara rapat organisasi, promosi barang.

c)  Atur pangajak = yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah

d)  Atur panglipur = yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam, kepaten lan liya liyane.

e)  Atur panyarue/ngemutake = nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv, panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

 

3.    Bab wigati nalika lagi sesorah (bab yang perlu diperhaikan saat pidato)

a)    Basa

Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

b)    Busana

Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.

c)    Swara

Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.

d)    Solah bawa(sikap)

Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.

 

4.    Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah

a) Polatan mbesengut(terlihat marah)

b) Gugup(nerveous)

c) Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)

d) Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)

e) Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)

f) Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)

g) Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)

h) Tangan methentheng

i)  Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)

j)  Ngupil (iki sing paling ora disadari merga kebiasaan)

 

5.    Urutane sesorah

a.    Salam pambuka.

Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.

b.    Sapa aruh/menyapa tamu.

Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.

c.    Atur pepujan/puji syukur.

Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad

d.    Ancasing gati/isi/inti acara.

Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane

e.    Panutup.

Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang  tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.

f.     Salam panutup.

 

6.    Teknik maca Sesorah

Sajroning macakake Sesorah mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lan sesorahe gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

a)    Nggunakake pangucap kang trep

b)    Pamedhote ukara kang trep

c)    Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d)    Ngreteni tandha wacan kanthi trep

e)    Swara kang cetha

f)     Ngatur alon lan cepete pamaca

g)    Ngolah treping mlebu wetuning napas

h)    Mahami wacan

i)      Percaya marang dhiri pribadi

 

7.    Jinise Sesorah:

a)    Sesorah kanthi cara apalan

Sesorah menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng  dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.

b)    Sesorah kanthi cara maos naskah utawi teks

Sesorah kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken.Sesorah kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates.

c)    Sesorah kanthi cara dadakan utawi impromptu

Sesorah cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun Sesorah dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.

d)    Sesorah kanthi cara ekstemporan

Sesorah cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting Sesorah dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan.

Komentar

  1. Achmad Bayu Agung Saputra_XID_01

    BalasHapus
  2. Sap... Ampun kesupe dipun serat wonte buku piyamak gih, mangkeh naskah ugi tuladha maos sesorah kula damelke kagem praktek..mtrswun

    BalasHapus
  3. Note: menawi wonten pandangon/prtanyaan boleh diajukan disini ataupun di grup. Suwun

    BalasHapus
  4. Silvi wakhidatul hidayah_XID_23

    BalasHapus
  5. Naufal Farrel Fernandito Arrasyid XIF 18 HADIRR

    BalasHapus
  6. Amanda Putri Lluthfia 04 XIF HADIR

    BalasHapus
  7. Niken Yulia Prastika XIF 19 HADIR

    BalasHapus
  8. Raqhuella Cathelia Addelin_XI F_23 Hadir

    BalasHapus
  9. dzaky zaura nur Fadhilah_xif_12 hadir

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Babagan Tembang Pocung

UNSUR INTRINSIK-EKSTRINSIK NOVEL JAWA