TULADHA NASKAH CEKAK PANATACARA ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN

Assalamua'laikum Wr Wb.

(salam pambuka)

Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki, para sepuh, pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagungeng sekar pakurmatan

Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu kinurmatan. Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana.

Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan manton (kepanitiaan acara manten) ing kalenggahan menika. Kula pun ..(nama diri misal Didik)..kinen sumileh sarira angemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring prasedya.

(Sapa aruh/menyapa tamu)

Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan  kula taksih saget makempal wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakara-kara. Sumangga sinartan ndedonga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugi wasana mangke saget pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.

Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning suka ing kalenggahan menika , Bapa Harjiman(nama tuan rumah/pamangku gati)...sekalian angambali atur pambagya wilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi ngrantos wosing gati dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.
(Atur pepujan/puji syukur)

Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun pamangku gati Bapa  Bapa Harjiman (nama tuan rumah) sekalian netepi peperangan darmaning asepuh maharghya suta amiwaha siwinun inggih putrinipun ingkang asesilih Putri Hadiningrat (nama mempelai putri) ..dhaup kalian Bagus Ratno Kuncoro Jati (nama pengantin putra)..jalu tenayanipun Bapa Raharjo(nama besan/orang tua pengantin putra)..ingkang pidalem ing Sukasari Kabupaten Kayangan (alamat besan/ pengantin putra).Wondene wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci tabuh 08.00 enjang(waktu akad nikah jika sudah terlakasana)..antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.

Winantu pangajabaing sedya  saking Bapa Harjiman (nama tuan rumah/pamangku gati) sarimbit,mugi wonten sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa hastunipun, satemah penganten sarimbit satat tresna tiresnanan, atut runtut anggennya mangun bale wisma, hayu hayem hangayomi (sakinah mawaddah wa rahmah), saha enggal pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma pinangka panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.

Para tamu kakung putri ingkang agung ing darma, boten katalumpen (lali)Bapa Harjiman (nama pamangku gati) sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau bapa Harjiman (nama pamangku gati) sekalian garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaaken wonten ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjenengan kalawau dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang satraju(setimpal).
(Ancasing gati/isi/inti acara)

Pepuntaning atur saking bapa Harjiman (nama pamangku gati) sarimbit, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi kaagungna pangaksama panjenengan.
Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja niskala. nuwun.
(Panutup)

Wassalamua'laikum Wr. wb.

(Salam Panutup)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Babagan Tembang Pocung

UNSUR INTRINSIK-EKSTRINSIK NOVEL JAWA

MATERI BAB SESORAH / PIDHATO