Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2021

Mula Bukane Sendang Senjaya (Asal Usul Sendang Senjaya)

Mula bukane Sendang Senjaya, ing tlatah Desa Tegalwaton, Kecamatan Tengaran, Kabupaten Semarang. Mula bukane Sendang Senjaya kawiwitan saka tokoh pewayangan yaiku jeneng Sunjaya utawa Arya Sunjaya yaiku anak Yuyutsuh, putu saka Widura/Arya Widura, Sunjaya nduweni sedulur yaiku Arya Subrasta. Nalika ngadhepi perang Barathayudha sedulur 2 mau nduweni beda pamikiran, Arya Sunjaya nduweni pakem/pamikiran yaiku Pandawa iku sing nduwe dalan kebenaran/kebathilan amarga kerajaan Ngastina iku pancen hak-e Pandawa. Hananging Arya Subrasta nduweni pamikiran sing beda. Subrasta nganggep yen Kurawa iku sing bener, amarga wis puluhan taun nyekel pamarintah Ngastina. Miturut Arya Subrasta, Nagri Ngastina wis dipasrahake dening Begawan Wiyasa Dwipayana marang Destrarastra (pakne Kurawa). Krana bedane pamikiran sedulur kumau (antarane Sunjaya karo Subrasta), ndadekake padu lan ora bisa akur maneh. Sunjaya melu Pandawa nalika perang Barathayudha, lan Subrasta manteb melu mbelani Kurawa. Krana perang w...

MATERI CERITA RAKYAT

A.     Pangertene crita rakyat Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit . Cerita rakyat ( folklore ) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita rakyat dicritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang jemblung lan tukang kentrung .  Crita rakyat iki ngemot piwulang moral lan dianggep minangka pelipur lara, yaiku nglipur kawula cilik kang durung kenal karo lelipur liyane kang luwih modern.   B.      Unsur crita rakyat Padha karo karya sastra crita liyane, unsur-unsur kang a mbangun crita rakyat , yaiku tema, latar/ setting , penokohan, alur, amanat , punjering crita/sudut pandang, lan konflik. 1.       Tema Tema yaik...

Materi Babagan Tembang Pocung

Materi bab Macapat “Pocung”   A.    Pengertian Tembang Macapat Tembang Macapat yaiku salah sawijining tembang jawa tradhisional kang kaiket aturan utawi paugeran Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru Lagu. B.    Watak tembang Pocung Watake tembang Pocung iku sakepenake ati, lucu, lan ngguyokake. Cocok kanggo nggambarake bab-bab kang ngguyokake lan mung geguyonan, lan sapiturute.   C.    Makna tembang Pocung Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake nalika mayit/jenazah wiwit dipocong/dikafani; lan watak tembange yaiku sembrana lan sakepenake dhewe. Tegese wong kang seda bakal lali sapa-apane`   D.    Paugeran Tembang Macapat Paugeran utawi aturan tembang macapat kedah manut kaliyan paugeran Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru Lagu. 1)     Guru Gatra : Cacahing larik saben sa pada (Jumlah baris pada setiap baitnya) 2)     Guru Wilangan : Cacahing Wanda saben sa gatra (Wanda : Suku Kata) 3)  ...