MATERI CERITA RAKYAT

A.    Pangertene crita rakyat

Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit. Cerita rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita rakyat dicritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang jemblung lan tukang kentrung.  Crita rakyat iki ngemot piwulang moral lan dianggep minangka pelipur lara, yaiku nglipur kawula cilik kang durung kenal karo lelipur liyane kang luwih modern.

 

B.     Unsur crita rakyat

Padha karo karya sastra crita liyane, unsur-unsur kang ambangun crita rakyat, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, amanat, punjering crita/sudut pandang, lan konflik.

1.      Tema

Tema yaiku minangka ide pokok atau masalah utama kang ndhasari lakuning crita. Tema crita rakyat biasane kaku, istana sentris, adat istiadat, lan mistis. Surasane crita khayal lan fantastis.

2.      Latar

Latar iku mujudake papan utawa wektu dumadine kadadeyan ing sajroning crita. Latar ana 3, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar swasana.

3.      Alur/Plot

Alur/plot yaiku urut-urutaning prastawa/kedadeyan ing crita. Alur diperang dadi 3, yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran. Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Alur mundur yaiku alur yang nyritakne prastawa saka saiki banjur mundur ing wektu dhisik/sadurunge. Alur campuran yaiku alur campuran saka alur maju lan alur mundur.

4.      Penokohan/Paraga

Penokohan iku nggambarake watake paraga/pelaku ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute. Paraga diperang dadi telu yaiku protagonis (sing dadi lakon), antagonis (sing dadi musuhe), lan tritagonis (sing dadi panengah antara tokoh protagonis lan antagonis)

5.      Amanat

Ajaran moral utawa pesen kang bakal dikandhakake dening pengarang marang sing maca/sing ngrungokake.

 

C.    Titikane crita rakyat 

Crita rakyat duweni titikan kan beda saka cerita liyane, yaiku ing ngisor iki:

1.      Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.

2.     Kolektif, amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masyarakat bebarengan.

3.      Nyritakke bab ala lan becik.

4.      Nggambarake kadadean-kadadean kang mokal (imajinatif).

5.      Dicritakake kanthi lesan.

6.     Sing nyritakake saka generasi ke generasi (turun tumurun). Awit saka kuwi, crita rakyat gampang owah, sok sapa bisa nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.

 

D.    Wujud crita rakyat

Wujud cerita rakyat ana papat, yaiku mitos, legendha, sage, lan fabel.

1.      Mitos

Crita ngenani makhluk-makhluk gaib/lelembut. Paragane manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal kayata bisa mabur, bisa urip ing segara lsp. Tuladha crita mitos kayata Crita Kangjeng Ratu Kidul ing pesisir kidul, Crita Nyai Lanjar ing pesisir lor, Crita Sunan Lawu ing Karanganyar, lsp.

2.      Legendha

Crita legenda kadadeyan ing bumi lan crita mau kaanggep bener-bener kadadeyan. Biasane crita mau ana petilasane arupa watu, wit, gunung, kali, lsp. Tuladha crita legend kayata: Crita Baru Klinting, Crita Endang Nawangsih, Crita Asal-usule Grojogan Sewu ing Tawangmangu, lsp.

3.      Sage

Crita ngenani kepahlawanan lan kegagahan utawa ketangkasan putra raja. Tuladhane Lutung Kasarung, Cindelaras, Sawunggaling, lsp.

4.      Fabel

Crita ngenani kewan kang tumindake kaya manungsa. Tuladhane Kancil lan Baya, Walang lan Semut, lsp.

 

E.     Ngringkes Crita Rakyat

Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake crita kanthi tetep gatekake unsur-unsur pambangun ing sajroning crita iku mau. Lumrahe ringkesan iku kurang saka 300 tembung.

Nalika ngringkes crita aja nganti ngilangake alur utawa lakune crita. Alur crita kudu tetep ganep, nanging basane sing cekak, aos, lan prasaja. Kedadean sing dicritakake ing ringkesan dijupuk sing pokok-pokok utawa sing penting-penting wae, ora kabeh kadadean dicritakake.

Trap-trap ngringkes crita rakyat yaiku:

1.      Maca teks crita nganti cuthel.

Crita rakyat sing arep diringkes diwaca nganti cuthel kaping pindho utawa telu supaya luwih paham.

2.      Nulis pokok-pokok pikiran saben paragrap.

Pokok pikiran paragrap kaperang dadi loro, yaiku paragrap deduksi lan paragrap induksi. Paragrap deduksi iku ukara bakune ana ing ngarep utawa awal paragrap, ukara panerange ana ing mburine. Paragrap induksi iku ukara bakune ana ing mburi dhewe, ukara-ukara panerange ana ng wiwitan paragrap.

3.      Nulis ringkesan adhedhasar pokok pikiran sing wis kok tulis.

Roncenen pokok-pokok pikiran sing wis kok tulis mau dadi ringkesan nganggo basamu dhewe.

4.      Tlitinen maneh apa sing wis kok tulis.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Babagan Tembang Pocung

MATERI BAB SESORAH / PIDHATO

UNSUR INTRINSIK-EKSTRINSIK NOVEL JAWA