Mula Bukane Sendang Senjaya (Asal Usul Sendang Senjaya)

Mula bukane Sendang Senjaya, ing tlatah Desa Tegalwaton, Kecamatan Tengaran, Kabupaten Semarang. Mula bukane Sendang Senjaya kawiwitan saka tokoh pewayangan yaiku jeneng Sunjaya utawa Arya Sunjaya yaiku anak Yuyutsuh, putu saka Widura/Arya Widura, Sunjaya nduweni sedulur yaiku Arya Subrasta. Nalika ngadhepi perang Barathayudha sedulur 2 mau nduweni beda pamikiran, Arya Sunjaya nduweni pakem/pamikiran yaiku Pandawa iku sing nduwe dalan kebenaran/kebathilan amarga kerajaan Ngastina iku pancen hak-e Pandawa. Hananging Arya Subrasta nduweni pamikiran sing beda. Subrasta nganggep yen Kurawa iku sing bener, amarga wis puluhan taun nyekel pamarintah Ngastina. Miturut Arya Subrasta, Nagri Ngastina wis dipasrahake dening Begawan Wiyasa Dwipayana marang Destrarastra (pakne Kurawa). Krana bedane pamikiran sedulur kumau (antarane Sunjaya karo Subrasta), ndadekake padu lan ora bisa akur maneh. Sunjaya melu Pandawa nalika perang Barathayudha, lan Subrasta manteb melu mbelani Kurawa. Krana perang wis kedadean pirang-pirang dina, Sunjaya kuatir bakal dicurigani dening Pandawa, nalika arep mlebu ing paprangan guna mbela Pandawa. Kurawa ngangkat Adipati Karna minangka Senopati Agung. Sunjaya ora sengaja ketemu Karna, banjur aprang tanding antarane Sunjaya karo Karna, awake Sunjaya remuk dibanting dening Adipati Karno, banjut Roh-e Sunjaya dadi Sendang utawa telaga sing diarani "Sendang Sunjaya" utawa "Senjaya".

Ana Riwayate kenangapa Sendang Senjaya dadi papan kungkum (berendam). Jarene, miturut legenda Mas Karebet utawa Joko Tingkir nate Tapa Brata Kungkum ing Sendang Senjaya. Ana ceritane kaya mangkene: Ki Ageng Tingkir nduweni murid jenenge Ki Kebo Kenanga utawa sinebut Ki Pengging. Ki Ageng Pengging nduwe anak jenenge Karebet. Kawit lair, Karebet diopeni dening Ki Ageng Tingkir sing urip ing wewengkon desa Tingkir. Wong-wong nyeluk dheweke 'jejaka saka desa Tingkir utawa "Joko Tingkir". Ki Ageng Tingkir seda, banjur disusul Ki Ageng Pengging uga seda. Mas Karebet diopeni dening Ki Ageng Tingkir, mula masyarakat jaman mau nyeluk jenenge ngganggo  "Joko Tingkir". Joko Tingkir nduweni sipat beda karo kanca-kanca liyane. dheweke seneng nyepi ning gunung utawa ngalas uga guwo. Joko Tingkir di dhawuhi dening Nyai Ageng Tingkir supaya ora ngulinakake Tapa Brata ing gunung mergane wong yen tapa ning gunung pada wae wong kagolong kafir merga ora ngetutake kaidah agama saka Nabi. Luwih becike Joko Tingkir meguru marang wong mukmin. Banjur Joko Tingkir meguru marang Ki Ageng Selo. Ki Ageng Sela sabar ngajari Joko Tingkir, merga Ki Ageng Sela oleh wangsit bilih Joko Tingkir bakalan dadi Raja gede. Joko Tingkir disaranke supaya sering pasa lan ngibadah (ngurangi mangan lan ngurangi turu) lan ngabdi ing kerajaan Demak.

Banjur Joko Tingkir mangkat menyang Demak, nanging tetep mampir pamitan marang ibune Nyai Ageng Tingkir. sadurunge mangkat, Joko Tingkir isih nyelakake wektune nyiangi pari (matun:jawane),  ing wektu iku ana Kanjeng Sunan Kalijaga lewat banjur Joko Tingkir di celuki lan dikon mandeg nyiangi parine supaya cepet-cepet mangkat menyang Demak. Joko Tingkir seneng Tapa Brata nalika sela (longgar) nglakoni tirakat utawa lelaku kungkum ing Sendang Sunjaya utawa Senjaya. Hananging nalikane tapa, krana tuk-e (mata air sumber) gede banget, Joko Tingkir dadi ora khusuk/ora bisa konsentrasi nalika tapa. Banjur Joko Tingkir mbedhol sebagian rambute kanggo nutupi tuk (mata air sumber) iku mau supaya bisa luwih cilik metune banyu. Bekas ukelan/gumpalan rambut iku mau nganti saiki isih dipercaya dening masyarakat daerah sendang, arupa bongkahan watu ireng (batu hitam) sing di kramat-ake.

Joko Tingkir isih sempet mangun padhepokan kanggo olah kanuragan, wangunan kasebut saiki wis ilang hananging papan iku didadekake komplek kanggo kemah. Sabanjure, Joko Tingkir Ditampa dadi prajurit Demak. Merga nduweni bakat apik, banjur diangkat dadi mantune Raja Demak lan nggantekake dadi Raja Kasultanan Pajang kanthi Gelar 'Sultam Hadiwijaya".

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Babagan Tembang Pocung

UNSUR INTRINSIK-EKSTRINSIK NOVEL JAWA

MATERI BAB SESORAH / PIDHATO