Materi tembang Macapat Gambuh Serat Wedhatama
A. Pangertene tembang Gambuh
Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh.
Tegese Lanteh.Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).
B. Pathokan tembang Gambuh
|
GAMBUH |
||
|
Guru wilangan |
Guru lagu |
Guru gatra |
|
7 |
u |
5 |
|
10 |
u |
|
|
12 |
i |
|
|
8 |
u |
|
|
8 |
o |
|
C. Watak tembang Gambuh
Watake tembang Gambuh iku supeketing kakluwargan/akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
D. Makna tembang Gambuh
Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti.Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.
E. Tuladha tembang Gambuh
#Kagem praktek
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
F. Salajenge badhe kaaturake sekar Gambuh pethilan saka Serat Wedhatama, anggitane KGPAA Mangkunegara IV pada 1-3:
Pada 1:
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahaning Manon.
Tegese:
Setitekna(gatekna) anggonku nutur(ngomong)
papat warno sembah supaya di lestarikke,
kapisan sembah raga cipta jiwa rasa putraku,
nang kono kui arep ketemu tanda anugrahe kang maha kuasa.
Pada 2:
Sembah raga punika,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
Kang wus lumrah limang Wektu,
Wantu wataking wewaton.
Tegese:
Sembah raga yaiku,
tumindak e wong kang dek nyoba “olah batin”,
nyucike raga ngganggo sarana banyu,
sing wes lumrah kayata lima wektu, kanggo watak kang dasar.
Pada 3:
Inguni uni durung,
Sinarawung wulang kang sinerung,
Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit,
Mintokken kawignyanipun,
Sarengate elok elok.
Tegese:
tau dingerteni ajaran kang kebak tabir,
gek iki ana uwong mujudake hasil gawean,
mamerake kaisohane ,
amalane aneh-aneh.
Komentar
Posting Komentar