Postingan

UNSUR INTRINSIK-EKSTRINSIK NOVEL JAWA

  A.      Pangerten Novel Ing ngisor diandharake babagan pangerten Novel miturut bedane pendapat/sumber: 1.     Novel yaiku wujud sastra paling populer ing donya. Wujud karya sastra iki paling akeh dicetak lan paling akeh sumebar, lantaran daya komunitase kang amba ing sajrone masarakat. (Jakob Sumardjo) 2.     Novel yaiku wujud karya sastra kang dumadi saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik kang kaloro unsur kasebut gegandhengan jalaran duweni daya pangaribawa gedhe kanggo nglairake karya sastra. (Rostamaji lan Agus Priantoro) 3.     Novel yaiku karya sastra kang awujud prosa kang duweni unsur-unsur intrinsik. (Paulus Tukam) 4.     Novel yaiku rerangken kang awujud gancaran (prosa) kang dawa ngandhut rerangken crita bab panguripan sawijining wong lan wong ing sakupenge kanthi nonjolake watek lan sipate saben paraga. (Kamus Besar Bahasa Indonesia) B.      U nsur Intrinsik 1.     Tema  yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari crita novel. 2.

Materi Bab Geguritan (puisi Jawa)

  Materi Pembelajaran Bab Geguritan (Puisi Jawa) 1.        Geguritan Tradisional a. Puisi Tembang: - puisi tembang cilik (macapat) - puisi tembang tengahan - puisi tembang gedhe b. Parikan c. Guritan d. Syingir e. Lelagon bocah 2.        Puisi jawa Modern Geguritan (puisi Jawa gagrak anyar / puisi bebas) Tuladha:   Di ngapura, Bapa Dening Gunadi Aryo   Dingapura Bapa Esuk iki manuke bapa da-culake Mabur saparan-paran Dhek wingi katon nglentruk tanpa daya Arep matur Bapa wis ngantor Ngendikane Ibu Bapa lembur Aku wis turu nalika Bapa kondur Bapa Wingi ana kutilang lan trocokan Ngoceh ing cedhak kurungan Dheweke crita Bab endahe nuswantara Kang bakal tidhem amem tanpa ocehing kukila Kummel kucem merga surya cidra Bab garudha kang sengkleh swiwine Pucet tanpa ludira Merga manungsa kang srakah lan Seneng ngumbar nistha Atiku trenyuh Weruh manuke bapa lemes Nelangsa lan tanpa daya Jroning kunjara Dingapura Bapa

Mula Bukane Sendang Senjaya (Asal Usul Sendang Senjaya)

Mula bukane Sendang Senjaya, ing tlatah Desa Tegalwaton, Kecamatan Tengaran, Kabupaten Semarang. Mula bukane Sendang Senjaya kawiwitan saka tokoh pewayangan yaiku jeneng Sunjaya utawa Arya Sunjaya yaiku anak Yuyutsuh, putu saka Widura/Arya Widura, Sunjaya nduweni sedulur yaiku Arya Subrasta. Nalika ngadhepi perang Barathayudha sedulur 2 mau nduweni beda pamikiran, Arya Sunjaya nduweni pakem/pamikiran yaiku Pandawa iku sing nduwe dalan kebenaran/kebathilan amarga kerajaan Ngastina iku pancen hak-e Pandawa. Hananging Arya Subrasta nduweni pamikiran sing beda. Subrasta nganggep yen Kurawa iku sing bener, amarga wis puluhan taun nyekel pamarintah Ngastina. Miturut Arya Subrasta, Nagri Ngastina wis dipasrahake dening Begawan Wiyasa Dwipayana marang Destrarastra (pakne Kurawa). Krana bedane pamikiran sedulur kumau (antarane Sunjaya karo Subrasta), ndadekake padu lan ora bisa akur maneh. Sunjaya melu Pandawa nalika perang Barathayudha, lan Subrasta manteb melu mbelani Kurawa. Krana perang w